Ce Fiksi Kehidupan: Percaya Tahayul | Celoteh tentang seorang lalaki kecil belajar menempuh hidup

Minggu, 27 April 2008

Percaya Tahayul

Tembe thangkring nangarep komputer kepengin asoy, wis ana sms mlebu. Wah.. mesti yayang kiyeh, aku mikir mandhan bungah.

Walah, kampret. Malah anu sing nagih. Mandhan cemod-cemod bathuke. Lha kur nyekel duit seketewu, telung dina nggarap program kasir ra dadi-dadi nganti ra kober embret liane. Kur mandhan ayem kaya nemu bolongan, bareng kelingan carike wis pirang wulan njukut komputer urung debayar. Awal taun wong desa tolih akeh duite ndean. Tes nampa ADD sih…

Genah mata ngantuk pirang-pirang dina ora turu, dadi aku ngajak kanca kon ngojeg. Wis pokoke nek kasil tek wei lah go tuku bensin. Nek kur arep go mbledhug motore ya mestine cukup.

Lah bareng wis meh tekan nggone carike, koh papagan karo sing nggotong bandhosan nggawa wong mati. Lah, aku ya malah kaya wong setres, nangdi-ndi bandhosan ya go nggawa wong mati. Nggawa wong urip ya jenenge angkot yah..? Angkot tolih anu sing lagi nemen…? Kuwe angot… Lah jan malah padu dhewek sih…

Kembali ke laptop…
Lha bareng weruh kuwe, kancaku malah ngajak bali. Tek omprang sisan, adoh-adoh arep nagih koh malah njaluk bali.

“Kecing temen sih kowe, awan-awan koh..?”
“Udu kaya kuwe, ko..” Kancaku semaur.”Nek arep nagih papagan wong mati kuwe wis mesti ora kasil…”
“Kowe maning ora mikir,” Aku semaur mandhan mrongos. “Ora kasil tolih nek nagih meng wong mati…”
“Ealah kowe lah ora ngandhelan nek dekandhani..”
“Ora urusan meng babagan kaya kuwe. Amerika wis tekan wulan koh wong jawa esih wedi wong mati. Kapan majune negarane dhewek…”

Mandan suwe kuwe olih eyel-eyelan. Nganti sidane kancaku gelem terus tapi ana syarate.
“Nek ora ngandhel yuh totohan…”
“Ayuh lah..” Tek waneni, kadhung mangkel sih…
“Ya, satusan ya…”
“Satus peraaak… Tanggung..”
“Satus perak sih go tuku udhek upil, satus sewu..” Kancaku malah nyenthak.

Semprul, mbatinku. Satus sewu kang ndi. Diomong ket isuk kur nyekel duit seket ewu thok.

“Wani ora..?” Kancaku ra sabar.
“Wani lah, tapi utang ya…”
“Siiih utang..? Wis wanine pira. Seket ya..?”

Mandhan suwe aku golih mikir. Tapi daripada mbalek, ajeg-ajeg aku kudu nggenteni bensin, sidane tek iyani. Jaman kaya kiye koh tesih percaya tahayul. Pokoke ora, ora ana hubungane nagih karo wong mati.

Bareng wis dil sidane mlaku maning. Lhah mbasan tekan ngarep umaeh carike, koh ana bendera putih trus akeh krosi nang latar. Aku mandheg takon hansip sing jaga.

"Pak, nuwun sewu. Pak carik badhe njago lurah napa?"
"Hish," hansipe malah mandan mendelik. "Wong putrane pak carik seda, wingi sonten kecelakaan. Mlebet mawon mas mbok bade takjiyah.."

Anake carike sing kecelakaan, aku sing ndadak dengkule lemes.

Tidak ada komentar: