Ce Fiksi Kehidupan: Dasar Kampret | Celoteh tentang seorang lalaki kecil belajar menempuh hidup

Minggu, 27 April 2008

Dasar Kampret

Isuk-isuk wong lia wis mulai pada tangi, aku malah nembe arep mapan turu. Jane ya ora pantes disebut mapan, wong turu ngliker nang krosi warnet ora kemulan ora bantalan, tapi nganggo AC. Jan jane elit luh, ora ketang nunut.

Nembe be arep ngliyep, wis ana sing gedhor-gedhor warnet. Bule sing tukang tunggu warnete ndilalah mbelere setengah modar. Tek jorna nganti sue, ora mandheg le nuthuki lawang. Kepaksa menyat mbukakna lawang.

"Mangga pak, badhe ceting napa nggunteni gambar saru?" aku ethok-ethok ramah padahal atine nggrundhel.

"Mboten mas, namung badhe tangled napa mriki anu warnet?"

"Oooh, nggih pak leres. Mangga mlebet.." Tetep ramah ora ketang atine mbedhedheg. Tulisan warnet njeblag kaya lapangan pingpong koh nganti ora keton.

"Oooo.." Wong kue malah manggut-manggut. "Nggih pun mas, matur nuwun"

Ealah... kae wong malah mbalek arep lunga maning. Penasaran, tek takoni. "Kepripun sih, pak? Mbok bapake bade internetan"

"Mboten mas, kulo bade teng daleme mas destro, terose wingking warnet."

"Oooo...", gentenan aku sing manthuk-manthuk karo enek.

Tapi... lha kae wong koh malah lunga, ora menggone destro. Ya, tek oyok. Tek takoni maning. Lha koh goleh semaur, " Mangke awanan mawon lha, mas. Masa isuk-isuk mruput wis mertamu, ya ora sopan.."

"Ora sopan... gundhulmu ruag... Dasar kampret!" Aku mbatin karo mandan ngrasakna wareg.

Sidane ora ngantuk , thongkrong maning nangarep komputer... Gratisan ikih..

Tidak ada komentar: